Senin, 15 April 2013

Basa Jawa: Kinanthi dan Sinom


A.    Kinanthi
Kang aran bebuden luhur
Dudu pangkat dudu ngelmi
Uga dudu kapinteran
Lan dudu para winasis
Apa maneh kasugihan
Nanging mung sucining ati
Tegese :
            Budi luhur menika, boten pangkat kang dhuwur, boten elmi lan kapinteran. Ugi boten kasugihan lan arta ingkang kathah. Nanging kudu netepi janji lan bisa dipercaya. Ugi jaga sucining ati. Iku wong luhur sayekti. Kinanthi menika saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya. Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan.
B.    Sinom
Unggah-ungguh tata krama
Iku kudu diweruhi
Wong meruhi tata krama
Nora beda weruh tarip
Bisa angreta aji
Barang kang arep tinuku
Tumraping pasrawungan
Tata krama iku dadi
Pangruwating saru siku lan deksura
Tegese:
            Unggah-ungguh tata krama iku kudu diweruhi. Tata krama iku penting kangge awake dewe. Supaya yen kita bersosialisasi karo masyarakat ora dinilai salah. Lan ana dene sinom kang tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
C.     Kesimpulan
            Tembang macapat kinanthi lan sinom duweni hubungan. Tembang macapat kinanthi tegese budi luhur lan tembang macapat sinom tegese tata krama. Budi luhur tanpa tata krama iku ora apik, lan  uga tata krama tanpa budi luhur.